Jumat, 20 Oktober 2023

Contoh Susunan Acara Fatayat NU versi Jawa

 

Yasin dan Tahlil

Wahosan surat yasin/tahlil ingkang bade dipun pimpin Ibu/Ustazah ...........  . Dumateng Ibu/Ustazah ............... kawulo aturaken sumonggo.

--------------------------------------

    Amin amin amin taqabbalallahu minna wa minkum taqabbal ya karim. (ini dibaca ketika sekaligus doa)

 

 

Bismillahirrohmaanirrohiim

ASSALAMU'ALAIKUM WR.WB

 

Alhamdulillahirobbil aalamin wa bihi nasta'in 'ala umuurid dunya wad din. Assholaatu wassalaamu alaa sayyidina muhammadin, wa 'ala alihi wa shohbihi ajma'in. 

amma ba'd

 

Hadrotal muhtaromin, poro alim ulama' sesepuh pini sepuh, ingkang kawulo hormati, wabil khusus (al mukarrom (ah) /al ustadz (ah) ............ ingkang kito tenggo-tenggo maudloh hasanahipun.

Sahabat Hj Nur Khotimah minongko ketua MWC FATAYAT NU Kec. WONOTUNGGAL ingkang kawulo hormati.

Sahabat Hj Musyarofah minongko ketua fatayat ranting Brokoh ingkang kawulo hormati.

Ibu-ibu sahabat fatayat ingkang kawulo hormati ugi.

 

Sak derengipun kawulo matur monggo kito sareng ngunjuk raos puji syukur kito wonten ngerso dalem Allah SWT ingkang sampun maringi kito katah sanget kanikmatan, utamanipun nikmat iman lan sehat sahinggo kito saget makempal wonten majlis rutinan Fatayat Ranting Brokoh meniko kanthi  sehat wal 'afiat mboten wonten aral menopo ke mawon.

Sholawat ma'assalam tansah kiro aturaken dateng junjungan kito, Nabi Agung Muhammad SAW ingkang tansah kito antu-antu syafaatipun wonten donyo hattal akhiroh. 

Kawulo ten mriki minongko pranoto adicoro, sak derengipun adicoro kawulo milai, kawulo bade mahosaken adicoro ing siang meniko. 

 

sepindah pambikaan

kaping kalih waosan ayat-ayat suci Al-Qur'an soho Sholawat

kaping tigo menyanyikan lagu Indonesia dilajengaken mars fatayat

kaping sekawan sambutan-sambutan

kaping gangsal mauidloh hasanah/Lain - lain dilajengaken do'a

kaping enem penutup

 

Adicoro ingkang sepindah inggih puniko pambikaan, monggo kito buka sareng-sareng kanti wahosan surat Al-Fatihah. 'Ala husnin niyyah Al-Faatihah ........

    Mugi kanthi wahosan surat Al-Fatihah meniko saget dadosaken lancaripun adicoro ing sak meniko.

 

Adicoro kaping kalih wahosan ayat-ayat suci Al-Qur'an ingkang ajeng dipun wahos panjenenganipun Sahabat ................. Dumateng Sahabat ................... kawulo aturaken sumonggo.

-----------------------------------

    Shodaqollohul 'adzim, mugi kanthi wahosan ayat meniko nambahi iman kito dateng Allah SWT. Amiin

 

Adicoro ingkang kaping tigo menyanyikan lagu Indonesia Raya dilajengaken mars fatayat ingkang ajeng dipandu dening Sahabat ..............   .                       

Dumateng Sahabat-sahabat sedoyo kawulo aturi jumeneng.     

------------------------------------------

Sahabat-sahabat sumonggo pinarak malih.

 

Adicoro ingkang kaping sekawan sambutan 

      sambutan ingkang pertama saking ketua MWC FATAYAT NU Kec. WONOTUNGGAL, Dumateng Sahabat Hj Nur Khotimah kawulo sumanggaaken.

------------------------------------

    Matur sembah nuwun kawulo aturaken.

    Sambutan ingkang kaping kalih saking ketua fatayat ranting Brokoh, Dumateng Sahabat Hj Musyarofah kawulo aturaken sumonggo.

----------------------------------------

 

 

    Matur sembah nuwun kawulo aturaken

Adicoro ingkang kaping gangsal mauidloh hasanah ingkang bade dipun aturaken panjenenganipun (KH/Ustadz/Al-Mukarrom ) ............    Dumateng panjenenganipun Bapak/Ibu (KH/Ustadz/Al-Mukarrom) ........................   Kawulo aturi sumonggo.

-----------------------------

    matur sembah nuwun kawulo aturaken. 

 

Adicoro ingkang kaping enem penutup. sak derengipun adicoro kawulo tutup saking kawulo katah kelepatan kekirangan nyuwun pangapunten kanti ikhlasipun manah. saking kawulo cekap semanten. 

 

Wallahul muwafiq ila aqwamit thoriq

Wasaalamu'alaikum Wr.Wb

 

Kata Motivasi Hidup

- Beranjaklah dari zona nyamanmu dan lakukanlah perjalanan ke manapun kamu mau - Sahabat adalah mereka yang mau menemanimu bukan atas dasar ...